Tanggal 5 maret 2015. Ra bakal lali aku karo dino kuwi. Kon lali piye wong aku ngalami pengalaman seng ra ngepenake. Aku tibo pas maen futsal. Sikile nekuk njuk ahh lorone, masya allah tenan. Saben nglangkah mung iso nahan loro.
Tapi seko kejadian kuwi, akeh pelajaranseng iso tak jupuk.
-aku ra iso urip dewe. Wingi pas loro aku butuh konco nggo ngetrke ng ndi2. Tuku ma, pijet. Lan sak piturute.
-ndek sabar kuwi ra ono batese. Mlakuku lag pincang. Yo ono seng ngandani ati2 le. Tp yo ono seng ngece. Aku ge' ngerti ndek wong seng do cacat kae do kuat batine.
-dalam kesusahan selalu ada kemudahan. Aku ra iso mlaku yo ono sing ngancani. Sikilku loro yo le nggolek tukangpijet yo gampang ra gelem dibayar. Le mijeti yo alon2, mengko ndek wes kroso loro yo mandek seg.
Aku ngene mergo allah sayang karo aku. Allah nganggep aku kuat njalani cobaan iki. Mungkin ngene carane allah ngajari aku. Piye carane urip seng bener.
Iseh akeh pelajaran liyane sing iso tak jupuk.
Aku saiki berusaha dadi wong luweh bener. Seneng berbagi nddek nduwe rejeki, njogo lisan ben kiro2 ra nggawe wong tersinggung, yo pokokmen ndek meh ngomong karo nlakoni opo2 mesti tak pikir seg.
#Sori ndek ono seng keganggu karo tulisanku. Iki mung curhatanku. Aku ra ono wong seng tk ajak curhat, dadi yo ngene iki caraku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar